Kenangapa Kudu Melu Manhaj Salaf ?

Sing Nulis: Al Ustadz Ruwaifi’ bin Sulaimi Al Atsari, Lc

Wong-wong sing urip neng jamane Nabi yakue generasi sing paling apik sekang umat kiye. Wong kae kabeh olih aleman langsung sekang Alloh lan Rosulle  dadi seapik-apiking menungsa. Wong kae yakue wong-wong sing paling ngerti agama lan paling apik amalane dadi maring wong kae awake dhewek kudu melu pemahamane.

Manhaj  Salaf, nek dideleng sekang sisi kalimat dadine gabungan sekang loro tembung; manhaj lan salaf. Manhaj neng basa Arab pada bae karo minhaj, sing maknane : sawijining dalan sing terang lan gampang. (Tafsir Ibnu Katsir 2/63, Al Mu’jamul Wasith 2/957).

Nek Salaf, nurut etimologi basa Arab maknane: Sapa bae sing wis disiti awake dhewek sekang nini buyut lan sedulur, sing wong kae kabeh kue neng duwure awake dhewek neng masalah umur lan kautamaan. (Lisanul Arab, karya Ibnu Mandhur 7/234)

Nek neng terminonologi syariat maknane: Para imam sing paling disit dhewek sing urip neng telung abad kesiji Islam, sekang para shahabate Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam, tabi’in (murid-murid shahabat) dan tabi’ut tabi’in (murid-murid tabi’in). (Bisa dideleng neng kitab Manhajul Imam As Syafi’i fii Itsbatil ‘Aqidah, karya Asy Syaikh Dr. Muhammad bin Abdul Wahhab Al ‘Aqil, 1/55).

Sumber: http://www.asysyariah.com

Terjemahan Sekang: http://darussalaf.or.id/stories.php?id=261

Wudhu Nganggo Bensin

Sing Nulis: Asy Syaikh Abdullah bin Abdul Azis bin Baz

 

Pitakone:

Apa diolihena nglakoni wudhu nganggo bensin?

 

Wangsulane:

Ora diolihena, jalaran ora kalebu diarani banyu neng syariat, lan jenenge banyu ora kaya bensin. Allooh subhanahu wa ta’alla ngendika:

 

فَلَمْ تَجِدُوا مَاءً فَتَيَمَّمُوا صَعِيدًا طَيِّبًا

bar kuwe nek rika ora nemu banyu, lakonana tayamum nganggo lemah sing resik. (Al Maidah: 6)

 

Lan bensin ora kalebu banyu nek diarteni mutlak lan ora kalebu banyu nek artine sekang ukara.

Majmuu ‘Fatawaa, Bab.10 Halaman.19

 

Diowahi setitik terjemahan sekang : http://www.fatwaislam.com/fis/index.cfm?scn=fd&ID=735

 

Ngangkat Tangan Pas Ngewehi Khutbah Sedurunge Nutup Akad Nikah

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia

Bab 19 Halaman 151

Pitakonane:

Apa ana perintah neng hadits sing mrentahaken awake dhewek ngangkat tanganne dewek pas ngewehi khutbah sedurunge nutup akad nikah?

Wangsulane:

Perkara kaya kiye ora diolihena wong ngangkat tangan pas deweke khutbah neng penutupan akad nikah jalaran kaya kuwe ora nana neng hadits.

Wabillahi taufiq. Wa shalallahu wa salaman nabiyina muhammad wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia

Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz

Wakil Ketua :` Abdul `Aziz Al al-Syaikh

Anggota :

`Abdullah bin Ghudayyan

Sholih Al-Fauzan

Bakr Abu Zaid

Diowahi setitik sing diterjemahaken sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=7251&back=true

Bocah Wadhon Dolanan Golek Plastik

Sing Nulis: Komisi  Tetep Kanggo Riset Ilmiah lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia

Pitakonan kaping loro sekang fatwa nomer 9639.

Pitakonane:

Apa hukume bocah wadhon dolanan golek plastik sing kaya dene wong wadhon temenan lan madani bentuk sing diciptakaken neng Allooh subhanahu wa ta’ala. Moga-moga Allooh ta’ala ngadohena awake dewek sekang lelaku kaya kuwe. Sebenere Dheweke kue sing kuasa nyiptakaken lan maring Dheweke awake dewek ngibadah

Wangsulane:

Hukum asal  kabeh sing jenenge gambar sing duweni nyawa ora olih lan hukum agama ora ngolihena bab kaya kuwe. Nanging nek gambar sing ora nduweni nyawa kaya dene wit, bangunan lan sejenise diolihena digawe dolanan.

Wabillahi taufiq. Wa shalallallahu wa salaman nabiyina muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in.

Komisi  Tetep Kanggo Riset Ilmiah lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia

Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz

Wakil Ketua  : ` Abdul-Razzaq `Afify

Anggota  : `Abdullah bin Ghudayyan

Diowahi setitik sing diterjemahaken sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=10341&back=true

Solate Wong Gemblung

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajan Saudi Arabia

Fatwa Nomer 8302 (VI/21)

 Pitakonane:

Apa wong gemblung kuwe mikul kawajiban lan tanggung jawab sekang kelakuanne sing ora becik kaya dene ninggalaken solat, puasa, zakat, lan liya-liyane? Kanggo catetan nek wong kuwe waras sedurunge gemblung, nanging bar kuwe dadi gemblung.

Wangsulane:

Wektu wong kuwe mau waras, deweke dijaluki pertanggungjawaban kanggo kelakuane sing wis dilakoni, nek kelakuane apik olih pahala, nek kelakuane ala olih hukuman. Wektu deweke pas lagi gemblung, deweke ora dijaluki pertanggungjawaban kanggo kelakuane sing wis dilakoni.

Wabillahi taufiq. Wa shalalloohu wa salaman ‘ala nabiyina Muhammad wa ‘ala alihi wa ‘ala shahbihi ajmain

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajan Saudi Arabia

 Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz

Wakil Ketua : ` Abdul-Razzaq `Afify

 Anggota : `Abdullah bin Ghudayyan

 Anggota : `Abdullah bin Qa` ud

Diowahi setitik sing diterjemahena sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=1798&back=true

Apa Diolihena Bayi Diwehi Susu Bubuk Nek Susune Biyunge Ora Bisa Nyukupi ?

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia

 

Fatwa no. 13587 (21/19)

Pitakonane:

Apa diolihena kanggo biyunge ngewehi panganan tambahan utawane susu bubuk kanggo bayine nek susune biyunge ora bisa nyukupi?

 

Wangsulane:

Ora nana salahe kanggo wong wadhon nyusoni bayine nganggo susu bubuk. Susu bubuk kiye ora nana sangkut paute karo paseduluran (Mahram)

Wabillahi taufiq. Wa shalallahu wa salaman nabiyina muhammad wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in.

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa Kerajaan Saudi Arabia
Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz
Wakil Ketua : ` Abdul-Razzaq `Afify

 

Anggota: `Abdullah bin Ghudayyan

 

Terjemahan sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=7927&back=true

Hukume Dodolan Kethek, Kucing, Lan Segawon

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa KSA

Fatwa no. 18564 (13/38)

Pitakone:

Inyong kerja neng bidang dol tinuku kewan sing wis lulut kaya dene kucing, lan manuk. Salah sijine kewan yakuwi kethek sing wis dilatih lan dienggo kanggo kepentingan hiburan lan ben pelanggan seneng maring toko. Seliyane kuwe, jenis kewan sing dienggo kanggo hiburan lan menarik pelanggan kanggo ningkataken barang sing didol. Nanging kewan-kewan kiye regane larang banget. Sawijining wong ngomong maring inyong nek dodolan kethek kuwe ora olih jalaran deweke yakuwe pratanda azab lan hukuman sekang Allooh Subhanahu wa ta’ala, deweke diciptaaken ora kanggo kaya kuwe, kaya kuwe jenenge buang-buang duit. Inyong kepengin jenengan bimbing inyong maring kebecikan kanggo perkara kiye. Jazakumulloohu khoiron

Wangsulane:

Dodolan kucing, kethek, segawon (asu) lan kewan liyane sing duweni untu gadhil (gigi taring) yakuwe ora olih (haram). Nabi Shalalloohu ‘Alaihi Wassalam ora ngolihena dodolan  kewan kaya kuwe lan meling karo perkara kiye. Kiye maning kalebu buang-buang banda.  Nabi Shalalloohu ‘Alaihi Wassalamsemono uga ora ngolihena perkara kuwe.

Wabillaahi taufiq. Wa shalallaahu wa salaman ‘ala nabiyuna wa ‘ala alihi wa shahbihi ajmain.

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa KSA

Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz

Wakil Ketua: ` Abdul `Aziz Al al-Syaikh

Anggota: `Abdullah bin Ghudayyan

Anggota: Sholih Al-Fawzan

Anggota    :Bakar Abu Zaid

Terjemahan sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=4580&back=true

Hukum Masang Iklan Lelayu Neng Koran

Fatwa Syaikh Bin Baz 13; Page No. 408

Pitakonane:

Apa hukume berita kematian (lelayu/kesiprahan) sing diterbitaken neng koran?

Wangsulane:

Perkara kaya kiye  esih dadi perdebatan. Mungkin dibeneraken nek  deweke ikhlas lan ora kelewat bates, nanging  lewih becik deweke ngindari perkara kaya kiye kanggo lewih apike. Nek wong kuwe kepengin nyampekaken belasungkawa, deweke bisa nulis surat utawane nganggo tilpun utawane marani keluwargane sing kesiprahan, kaya kiye lewih becik.

Terjemahan sekang:

http://www.alifta.com/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&PageID=259&PageNo=1&BookID=10

Turu Tengkurep

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah lan Fatwa KSA

Pitakonan kaping pitu sekang fatwa nomer  19313 Babagan 26; Halaman 147

Takon:

Apa bener nek ora diolihena turu tengkurep? Inyong dingei ngerti nek kuwe hukume makruh, jalaran kaya kuwe polahe iblis. Nanging inyong wis biasa turu kaya kuwe sekang inyong esih cilik lan inyong nglakoni kaya dene kebiasaan. Apa hukume?

Wangsulane:

Kaya kuwe makruh nek turu tengkurep,kaya apa sing wis diriwayataken deneng Abu Dawud neng Sunane nek Ya’isy bin Thikhfah Al-Ghifari ngendhika,”Durung suwe anggonku turu tengkurep neng mesjid pas wektu wis bengi, sawijining wong lanang nyenggol sikile inyong lan bar kuwe deweke ngendika,”Sajane turu kaya kuwe diwadehi neng Allah.” Bar kuwe aku ndeleng cempuleke deweke yakuwe Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam.” (HR. Abu Dawud neng Sunane nomer 5040 neng bab “Turu Tengkurep”)

Kaya kuwe kudu didegaken, nek kaya kuwe wis dadi kebiasaan, jalaran sawijining wong muslim kudu mandeg sekang kebiasaan sing nglawan syariat (hukum islam).

Wabillaahi taufiq. Washalalloohu wassalamu ‘ala nabiyuna muhammad wa’ala alihi washahibihi ajma’in.

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah lan Fatwa KSA

Ketua: `Abdul` Aziz bin `Abdullah bin Baz

Wakil Ketua: `Abdul` Aziz Al al-Syaikh

Anggota : Bakr bin ‘Abdullah Abu Zaid

Anggota : Shalih bin Fawzan Al-Fawzan

Terjemahan Sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=10190&back=true

Hukume Mangan Daging Gajah Lan Daging Kethek

Sing Nulis: al Ustadz Abu Muawiyah Askari

Gajah

Gajah, menurute al-Imam Ahmad rahimahulloohu, dudu panganane wong muslim. Nek asy-Syafi’i lan Abu Hanifah rahimahumullooh nganggep makruh. Separone ulama ngolihena kanggo dipangan, kayadene al-Imam Malik, Ibnu Syihab, dan asy-Sya’bi rahimahumullooh. Ananging, pendapat sing lewih perek karo kebecikan yakuwe sing kaping siji, yakuwe diharamena, jalaran Gajah kalebu kewan wengis sing duweni gadhil (taring). Wallahu a’lam (Ndeleng al-Mughni, 9/326)

Kethek

Nek Kethek, wis disebutaken kesepakatane ulama nek kuwe haram dipangan. Ibnu Abdil Bar rahimahumullooh ngendika,” Wong muslim wis sepakat nek Kethek ora olih dipangan, jalaran ana larangan sekang Rasulullooh shalalloohu ‘alaihi wassalam kanggo dipangan.” (al-Mughni 9/325, Adhwa’ul Bayan, 2/173)

Terjemahan sekang Majalah Asy Syariah Volume VII/No. 80/1433 H/2012 halaman 21 neng Rubrik Kajian Utama judul asline “Hewan Buas Yang Bertaring dan Burung yang Memangsa Dengan Cakarnya”

Shalat Nyambi Nggendhong Anak

Pitakone:

Apa diolihena nek sawijining biyung shalat nyambi nggendhong anakke?

Wangsulane:

Fadhilatusy Syaikh Ibnu Utsaimin rahimahulloohu ta’ala mangsuli,” Shalate wong wadhon sing nyambi nggendhong anakke ora papa nanging  anakke pas kahanan suci lan kudu butuh digendhong jalaran mungkin anakke nangis lan bisa gawe repote biyunge nek dheweke ora digendhong.

Wis jelas kabar sing sekang Nabi shalalloohu ‘alaihi wassalam sing nyebutena dheweke pernah shalat nyambi nggendhong putune dheweke Umamah bintu Zainab bintu Rasulullooh shalalalloohu ‘alaihi wassalam. Wektu semono Rasulullooh shalalalloohu ‘alaihi wassalam shalat ngimami wong-wong sing kahanane Umamah neng gendhongane dheweke. Pas wektune ngadheg, deweke nggendhong Umamah lan nek wektune sujud dheweke ndeleh dheweke. (HR. al-Bukhari no 5996 lan Muslim no. 1212). Nek ana sawijining biyung nglakoni kaya mau kuwe ora papa, ananging sing lewih utama ora nglakoni kaya kuwe seliyane pas lagi ana kebutuhan.” (Nurun’alad Darb, hlm. 17)

Terjemahan sekang:

Majalah Asy Syariah Vol VII/No. 80/1433 H/2012 halaman 101 neng rubrik Fatawa Al-Mar’ah Al-Muslimah