Category Archives: Dol Tinuku

Hukume Dodolan Kethek, Kucing, Lan Segawon

Sing Nulis: Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa KSA

Fatwa no. 18564 (13/38)

Pitakone:

Inyong kerja neng bidang dol tinuku kewan sing wis lulut kaya dene kucing, lan manuk. Salah sijine kewan yakuwi kethek sing wis dilatih lan dienggo kanggo kepentingan hiburan lan ben pelanggan seneng maring toko. Seliyane kuwe, jenis kewan sing dienggo kanggo hiburan lan menarik pelanggan kanggo ningkataken barang sing didol. Nanging kewan-kewan kiye regane larang banget. Sawijining wong ngomong maring inyong nek dodolan kethek kuwe ora olih jalaran deweke yakuwe pratanda azab lan hukuman sekang Allooh Subhanahu wa ta’ala, deweke diciptaaken ora kanggo kaya kuwe, kaya kuwe jenenge buang-buang duit. Inyong kepengin jenengan bimbing inyong maring kebecikan kanggo perkara kiye. Jazakumulloohu khoiron

Wangsulane:

Dodolan kucing, kethek, segawon (asu) lan kewan liyane sing duweni untu gadhil (gigi taring) yakuwe ora olih (haram). Nabi Shalalloohu ‘Alaihi Wassalam ora ngolihena dodolan  kewan kaya kuwe lan meling karo perkara kiye. Kiye maning kalebu buang-buang banda.  Nabi Shalalloohu ‘Alaihi Wassalamsemono uga ora ngolihena perkara kuwe.

Wabillaahi taufiq. Wa shalallaahu wa salaman ‘ala nabiyuna wa ‘ala alihi wa shahbihi ajmain.

Komisi Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa KSA

Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz

Wakil Ketua: ` Abdul `Aziz Al al-Syaikh

Anggota: `Abdullah bin Ghudayyan

Anggota: Sholih Al-Fawzan

Anggota    :Bakar Abu Zaid

Terjemahan sekang:

http://www.alifta.net/Fatawa/FatawaChapters.aspx?View=Page&BookID=7&PageID=4580&back=true