Pengajian “AGAMA SYIAH LAN BAHAYANE” Neng Purbalingga lan UNDUHAN REKAMAN KAJIANE

Mayuh pada teka neng….

Pengajian Islam Ilmiah

Temane:

AGAMA SYIAH LAN BAHAYANE

Sing Nyampekeken:

Al Ustadz Luqman bin Muhammad Ba’abduh

(Pengasuh Ponpes As Salafy Jember Jawa Timur lan Penasehat Majalah Asy Syariah)

Wektu: 25 Maret 2012 (2 Jumadil Ula 1433 H)

Jam   : 09.30 WIB nganti tekan rampung

Panggonane:

Mesjid Agung Daarussalam Purbalingga (Kompleks Alun-alun Kota Purbalingga Jl. Jambu Karang No. 1 Purbalingga)

Pengajian kiye kanggo umum sapa bae olih melu apa kuwe wong lanang utawane wong wadon

Penyelenggarane:

  1. Ta’mir Mesjid Agung Daarussalam Purbalingga
  2. Ponpes Al Manshuroh Brobot Purbalingga

Pengajian kiye bisa dirungokena neng:

101,4 FM

Radio Al Manshuroh Purbalingga

Info sing lengkap bisa hubungi: 0281 7620666

Aja kelalen kuweh nek arep pada teka dijek bae kakine,ninine,ramane,biyunge, pamane,bibine,uwane,batire lan tanggane rika,……

Mayuh padha nggolet keapikan bareng-bareng

~#~

UNDUHAN REKAMAN KAJIANE

Alhamdulillah, pengajian “Agama Syiah lan Bahayane” neng Masjid Agung Daarussalam Purbalingga sing dianakaken tanggal 25 Maret 2012 wis rampung winginane sing dadi pematerine al Ustadz Safrudin (Mudir PP. Al Anshar Sleman Jogja) qodarullooh al Ustadz Luqman bin Muhammad Ba’abduh ora bisa teka, semono uga inyong anggone ngupload (ngapurane nganggo basa landa) rekamane wis rampung lan rekaman kiye rampung amarga  Allooh Tabaroka wa ta’ala ngijabahi lan kerja sama sing apik karo Radio Al Manshuroh Purbalingga 101,4 FM , sekiye kari rika nek kepengin ngunduh rekaman kajian kiye neng ngisor rika kari ngeklik bae tulisan neng ngisor kuwe:

Sesi 1

Sesi 2

12 responses to “Pengajian “AGAMA SYIAH LAN BAHAYANE” Neng Purbalingga lan UNDUHAN REKAMAN KAJIANE

  1. Ping-balik: [Download] Daurah Purbalingga : “Agama Syi’ah dan Bahayanya” « Blog Ahlus Sunnah

  2. Kang, ngaplod atawa upload iku wis dialihbasa dadi ngunggah, meh pada karo donlod atawa download dialihbasa dadi ngunduh.

    Suka

  3. Bismillah.
    Pengajian kaya kiye aja kelalen rekamane diupload.

    Suka

Tinggalkan komentar